Hangesti Tejaning Jati, Nggayuh Kamulyan Klaten: Merti Hadeging Kabupaten Klaten Kaping 221

Hangesti Tejaning Jati, Nggayuh Kamulyan Klaten: Merti Hadeging Kabupaten Klaten Kaping 221

Delanggu, Senin Pahing, 28 Juli 2025 – Kanthi greget Hangesti Tejaning Jati, Kantor Kecamatan Delanggu nglestarekaken pengetan Hadeging Kabupaten Klaten ingkang kaping 221 kanthi  gayeng lan sarwa guyub rukun. Adicara pengetan dipunadani wonten ing kantor kecamatan, dene pendherekipun inggih punika para ASN, utusan instansi, lan punggawa pamarentah desa Kecamatan Delanggu.

Adicara pengetan kawiwitan kanthi Upacara lan waosan seratan hadeging Klaten

Adicara kapisan inggih puniko upacara ingkang kalampahan kanthi khidmat. Camat Delanggu kepareng ngasta minangka inspektur upacara, ngandharaken seratan hadeging Kabupaten Klaten, wiwit saking jaman purwa, kabudayan leluhur, soho tumandanging para pejuang ingkang mahanani Klaten dados kabupaten ingkang kiyat adhedhasar budaya lan kawicaksanan.

Seratan hadeging Kabupaten Klaten punika dados pengeling-eling supados kita tansah ngajeni lan nguri-uri jatidiri, miturut Hangesti Tejaning Jati, tegesipun "ngugemi tekad ngadhepi jati diri".

Adicara kalajengaken kembul bujana kanthi dhahar timlo lan tumpeng, saksampunipun upacara kacekap para rawuh kaaturan dhahar supados anjalari guyubing raos. Swasana karaos sangsoyo regeng
nalika tumpeng dipun pagas dening
Camat Delanggu minangka pratanda syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Amurbeng Jagad, awit sampun amaringi kawilujengan tumrap masyarakat Klaten.

Lomba Fashion Show Lurik

Adicara wigati saklajengipun inggih punika Lomba Fashion Show Lurik. Para pasarta saking instansi lan Perangkat Desa ngandharaken kabudayan kanthi busana, lagak lan tanggap wacana ingkang sanget mranani ingkang sami hamersani. Lomba punika nuwuhaken greget lan tresna dhumateng kabudayan saking tlatah pribadi.

What's Your Reaction?

like
0
dislike
0
love
0
funny
0
angry
0
sad
0
wow
0